Selasa, 05 Maret 2013

Wasita Adi (1)


  1. Janma mara janma mati : gawat
  2. Entek jarake : bangkrut
  3. Njentik arep dijempol : menehi dijaluk meneh (memberi tetapi kemudian diaminta lagi)
  4. Nandur pari jeru : ngapiki wong duwe karep (berbuat baik kepada seseorang karena memiliki keinginan meminta sesuatu)
  5. Mirong akampuh jingga : ninggal sing ditresnani (ditinggal orang yang disayangi)
  6. Kongsi jambul wanen : tuwa banget (terlalu tua)
  7. Nunggang jaran ebeg-ebeg : seneng kebablasan (menyukai sesuatu secara berlebihan)
  8. Jurang growoh ora mili : katone loma jane medhit (kelihatannya baik tetapi sesungguhnya pelit)
  9. Ngaru napung : sial bareng
  10. Kebo kakehan sungu : kakehan anak (kebanyakan anak)
  11. Sedhen kayu aking : golek saksi sing wis mati (mencari saksi yang sudah meninggal)
  12. Kebo mutung ing pasangan : ninggalke gawean sing durung rampung (meninggalkan pekerjaan yang belum selesai)
  13. Nggepuk kemiri : gawean gampang (pekerjaan mudah)
  14. Kempladheyan ngejak sempal : sedhulur ngajak susah (saudara ngajak susah)
  15. Ora keris ora keras : wong mlarat nanging merwabawani (orang miskin tetapi berwibawa)
  16. Kethek setanggon : bebarengan tumindak ala (bersama-sama melakukan hal yang tidak baik)
  17. Rampek-rampek kethek : ngati-ati cedhak wong ala (berhati-hati bila dekat orang dengan kelakuan yang tidak baik)
  18. Nglungguhi klasa gumelar : mungkari nemu kepenake (hanya mau ikut yang senang tidak mau susah)
  19. Ditemu kuwuk : ketemu sing dibutuhke tanpa ngabari dhisik (bertemu dengan yang dibutuhkan tanpa memberi kabar terlebih dahulu)
  20. Kuntuk diunekke dandang : wong apik diarani ala (orang baik dibilang buruk)

0 komentar:

Posting Komentar