Senin, 18 Maret 2013

Ruwatan Murwakala

Jroning budaya jawa, ana kapercayan yen wong iku bisa nemu sial salawase uripe. bisa nalika wis daiwasa, nanging bisa uga wiwit lair wis nemoni sial.  sial saka dhiwasa marga ngelimpangke dandang nalika adang sega lan nugelke mimi san rikala ndheplok jamu. dene sing wiwit lair, pancen wis nggawa nasib sial. ana kepercayan, kabegjan lan kamulyane wong mau dipangan bethara kala. mula banjur diarani wong sukerta, supaya sukerta bisa ilang mula kudu diruwat.

miturut sejarahe, bethaa kala lair saka bapak ibu sing durung resmi nikah. mula banjur kena supata, mangan kabecikan lan kabegjane wong sukerta.

Dene wong sukerta sing urip sial yaiku nalika uripe :

  1. bocah ontang-anting : anak tunggal lanang
  2. bocah unting-unting : anak tunggal putri
  3. uger-uger lawang : anak loro lanang
  4. kembang sepasang : anak loro putri
  5. gedhana gedhini : anak lanang, putri
  6. gedhini gedhana : anak putri, lanang
  7. sendhang ngapit pancuran : putri,lanang,putri
  8. pancurang ngapit sendhang : lanang,putri,lanang
  9. pandhawa lima : anak 5 lanang kabeh
  10. pandhawa ngayoni : anak 5 putri kabeh

0 komentar:

Posting Komentar